It's Not Easy Being Green: Bali Time
Penoelis Kaos Tjap DJALOE Wira-wiri Selasa, November 29, 2011| http://www.core77.com/blog/education/its_not_easy_being_green_bali_time_21207.asp |
Ke Amerika Kita Setrika Kaos Tjap Djaloe
Penoelis Kaos Tjap DJALOE Komunitas, Wira-wiri Senin, November 28, 2011RECOMMENDED HOTEL - Grand Mansion
Penoelis Kaos Tjap DJALOE Pariwisata, Wira-wiri Minggu, November 27, 2011HANGOUT - Matjam2 Tjamilan Tempo Doeloe
Penoelis Kaos Tjap DJALOE CULINAIRE, cullinary, Pariwisata, Wira-wiri Minggu, November 27, 2011HANGOUT - Live music saban Sabtu malam
Penoelis Kaos Tjap DJALOE Hangout, Pariwisata, Wira-wiri Minggu, November 27, 2011Cariyos Purwalêlana, 1877
Penoelis Kaos Tjap DJALOE Roeang Batja Sabtu, November 26, 2011Ing wanci enjing kula wangsul dhatêng ing Kêdhiri malih, sipêng sadalu ing ngriku, enjingipun malih kula kesah dhatêng Blitar, têbihipun saking Kêdhiri 40 pal, dhatêng kula ing Blitar kula rumaos eman sangêt dene Kabupatèn inggal sadaya taksih sami inggal kados ta: griya Asistèn Residhen, utawi pranatan sanèsipun kang andadosakên karaharjan sarta rêrêngganing pagenan, sami risak sadaya awit ing salêbêting taun 1875 punika kalêban banjir lahar saking kawahipun rêdi
Kêlut, mila griya-griya sami larut, dados dhusun-dhusun kang katrajang lahar wau sami kasangsaran, awit botên ngamungakên barang raja darbekipun kemawon kang sirna, nanging rajakayanipun sami pêjah, dene wana kang katrajang lampahing lahar punika ugi sami risak awit kathah kêkayonipun kang rêbah.
Para tuwan-tuwan kang sami nanêm sata ing Kabupatèn Balitar ing
waktuning banjir lahar wau ugi kathah rugènipun, amargi gudhang-gudhang
sata kathah ugi kang rêbah.
Kitha ing Blitar punika namung dhusun kemawon, sami ugi kados dening ing Bêrbêg, kaênggenan dening Asistèn Residhen sarta Bupati tuwin sawatawis priyantun Jawi lan Walandi, dene kitha wau cêlak kalihan wana.
Ing satunggilipun dintên wanci enjing kula kesah ningali candhi ing Panataran, têbihipun saking Blitar watawis wontên 8 pal, pagenaning wontên ing sukonipun rêdi Kêlut, dhatêng kula ing ngriku kula ningali candhi Selacêmêng kêkalih, kang satunggal agêng satunggalipun alit,
kalih pisan taksih sami sae-sae sarta wêtah, candhi kêkalih wau awit saking
inggil dumugi ing ngandhap, ukir-ukiran sadaya gambaring ringgit, yèn ningali wanguning gambar kados lampahan Rama Tambak. Candhi ingkang agêng inggil utawi pucakipun kenging kainggahan dening tiyang
kemawon, inggah-inggahanipun tundha pitu, dene candhi kang alit
kados griya cungkup, rupenipun kados kang wau pagenaning amuja utawi
tapa, sanginggilipun korining candhi alit wau wontên ukir-ukiraning ôngka kina utawi kawi, saking pamanggih kula ôngka punika 1291, ananging botên wontên tiyang kang sumêrêp ôngka punapa, saking pakintên kula tuwin kintênipun
tiyang ngriku, ôngka wau angkaning taun, nanging botên sumêrêp etangan
taun punapa, sampuning kula ningali ing ngriku kula wangsul dhatêng ing Blitar malih.
Ing wanci enjing kula kesah dhatêng dhusun Gaprang, kapêrlon badhe ningali ing panyadrananing tiyang
ngriku, dhatêng kula ing panggenan punika, kula ningali rêca sela cêmêng
kêkalih, ingkang satunggil jalêr satunggil èstri, kang jalêr kasêbut nama Kyai kang èstri nama Nyai Gaprang, kalih pindhah sami lênggah pagenaning wontên ing sapinggiring margi kang dhatêng dhêstrik Ludhaya,
ing ngajênging rêca wau kathah sêkar-sêkar tuwin wontên padupanipun,
agèning nuntun têtiyang ing Kabupatèn utawi Karesidhenan punika,
kaetang botên wontên lèrèhipun, sabên dintên tansah kakintun sêkar
sarta kadupanan kemawon,
punapadene dipun borèhi, mila rêca kêkalih wau kantos jêne rupenipun,
inggih awit saking kathahing têtiyang kang nyadran lan mêmule ing ngriku.
Rêca kang jalêr wau botên gadhah wirang, awit anêdahakên cihnaning jalêr, malah tandhaning wau watawis wontên kalih
kaki inggiling pucakipun dumugi ing sipating irung, inggih punika kacriyos
dados usadaning rabi kang tanpa turun, kang adrêng kumêcêr amrih adarbeya turun sami lênggah sapucaking cihna wau, kalaning lênggah ing ngriku tanpa warana, yèn sampun kalampahan makatên, kacriyos tumuntên badhe kadugèn ing sêdyanipun, awit pikantuk pangèstuning Kyai Gaprang.
Sasampuning kula ningali rêca wau, kula lajêng dhatêng dhêstrik Ludhaya,
dhatêng kula ing kadhêstrikan, kula
aso ing griyaning Wadana ngriku kula kadêdahan dening Wadana gôngsa
satunggil anama Kyai Pradhah, pagenaning wontên ing sawingkinging
griyaning Wadana, kadamêlakên pagenan griya piyambak, pagêripun
gêdhe payonipun kambêngan, gôngsa
wau kagandhulakên ing salêbêting griya alit punika, dene aslinipun botên wontên tiyang sumêrêp awit saking kinanipun, dene ungêlipun taksih sae,
ing sabên-sabên wontên tiyang dhusun Ludhaya gadhah damêl mawi nabuh
gamêlan, gôngsa wau kasambut dipun ungêlakên. Kacriyos yèn tiyang dhusun Ludhaya nabuh gamêlan botên ngungêlakên Kiyai Pradhah, sayêktos
badhe bilahi utawi kasusahan.
Gôngsa punika sabên dintên Jumungah dipun dupani lan kaborehan. Saking ngriku kula lajêng dhatêng dhusun Pakel, taksih dhèrèk bawah dhêstrik Ludhaya, têbihing saking kadhêstrikan watawis sakawan pal,
dhatêng kula ing ngriku ningali têngahing dhusun wontên griya payon
kambêngan, pagêripun gêdhek, tiyang ing dhusun punika amastani sanggar,
kacriyos kala jaman kina griya punika pagenaning tiyang amuja, ngajênging
sanggar wau wontên uwitipun pakel kêkalih, kiwa têngêning sanggar
wontên uwitipun duren agêng-agêng, kacriyos uwit sakawan wau tanêmanipun Kangjêng Panêmbahan
Senapati. Duren sarta pakel punika uwohipun anglangkungi agêng-agêng
tuwin sangêt ecanipun, dene kang angundhuhi, namung Lurah ing
dhusun ngriku piyambak, sarta lajêng kaladosakên ing kadhêstrikan, yèn sampun katampen dening Wadana, tumuntên Wadana anyêndhêt sawatawis, dene sanèsipun, kaladosakên dhatêng Kabupatèn tuwin Asistèn Residhenan.
Dene kang wontên ing salêbêting sanggar wau kêpek agêng-agêng
kêkalih, isining kêpek wau sinjang praosan sarta lurik warni-warni, ikêtipun kêkalih, kang satunggil
praosan, satunggilipun têpen renda, aliya saking punika wontên
kampuhipun satunggil awarni gadhung
mlathi mawi kapraos. Kacriyos barang-
barang punika gadhahaning Nyai Rara
Kidul. Sanggar wau sabên dalu kajagenan dening sima, têrkadhang kantos wontên simaning têtiga kang sami wontên ing ngriku sami tilêm angêpang ing sanggar.
Sabên taun sapisan, barang-barang kang wontên ing kêpek wau sami
kabêkta ing kadhêstrikan sakêpekipun, sadhatênging kadhêstrikan lajêng katingalan dening Wadana, yèn sampun jangkêp sadaya tumuntên kawangsulakên malih. Kacriyos lampahipun barang-barang wau
dhatêng kadhêstrikan lan wangsulipun kairingakên sima kang jagi punika
saking katêbihan.
Kêpek punika sabên malêm Jumuwah kadupanan ing salêbêting sanggar
dening para sêpuh ing dhusun Pakel.
--- 203 ---
Sampuning kula ningali ing
dhusun Pakel wau, kula lajêng wangsul dhatêng ing Blitar malih, sarehne ing
Blitar punika cêlak wana agêng mila kathah simanipun, dene kang sangêt kathahing sima inggih ing dhêstrik
Ludhaya punika, ananging sawawrating ing ngriku kêdhik tiyang kang katêdha
dening sima.
http://djaloe.com | kaos@djaloe.com
PETA, 1879 - Baai van Tambak & Baai van Serang. Peta Teluk Tambak danTeluk Serang
Penoelis Kaos Tjap DJALOE Peta, Roeang Batja Sabtu, November 26, 2011Djaloe @ Metro TV Jatim
Penoelis Editor Pariwisata, Pelesir, Wira-wiri Jumat, November 25, 2011Lontar Sutasoma oleh Mpu Tantular
Penoelis Kaos Tjap DJALOE Arkeologi, Wira-wiri Kamis, November 24, 2011Patung Perwujudan Dewa Siwa asal Blitar
Penoelis Kaos Tjap DJALOE Arkeologi, Wira-wiri Kamis, November 24, 2011Lahan Tandus di Gugusan Bukit Berkapur
Penoelis Kaos Tjap DJALOE Wira-wiri Kamis, November 24, 2011Tambakrejo, Satu dari Belasan Pantai di Segara Kidul
Penoelis Kaos Tjap DJALOE Pariwisata, Wira-wiri Kamis, November 24, 2011Lanskap Gunung Api Kelud
Penoelis Kaos Tjap DJALOE Pariwisata, Wira-wiri Kamis, November 24, 2011Telaga Rambut Monte
Penoelis Kaos Tjap DJALOE Pariwisata, Wira-wiri Kamis, November 24, 2011Jika ditarik garis lurus, kata pamong setempat, kira-kira 2-3 km ke puncak Gunung Kelud. Untuk menuju lokasi ini, jika dari Kota Blitar lewat saja Wlingi ke utara yang tembus Ngantang, Selorejo, Kabupaten Malang. Rambut Monte masuk wilayah Krisik, Gandusari, Blitar.






