Pengetan 100 Tahun Sukarno
Penoelis Kaos Tjap DJALOE blitar, Nasionalisme, Roeang Batja, soekarno, Soekarnoisme, Tjerita Jumat, Desember 24, 2010
Dening MARK LANDLER
New York Times, 4 Juni 2001
JAKARTA, Indonesia, 1 Juni — Dina Rebo iki bebarengan karo 100 tahun klairane Sukarno, presiden kapisan Indonesia. Sakwise geger babagan kuasa pirang-pirang wulan suwene sing gegayutan karo presiden saiki, Abdurrahman Wahid, para kawula ing kene mbutuhake kalodhangan gawe ngowahi prekara.
Indonesia mangayubagya dina klairan tanggal 6 Juni iku kanthi nganakake kirab, rembugan lan pepenget. Puluhan ewu manungsa kira-kira bakal nyekar menyang Blitar, kutha ing Jawa wetan sing ana pesareane Sukarno, pahlawan nasionalisme Indonesia, wiwit tahun 1970.
Salah sawijining koran, Kompas, nyiarake 80 kaca kanggo dina wigati iku. Tulisane wiwit saka rembugan ilmiah bab warisan ekonomine Sukarno tumekaning bab para bojone.
Sukarno dimulyakake maneh wiwit Suharto dilereni tahun 1998. Nanging kahanan iku nuwuhake kasangsaran liya. Parlemen tanggal 30 Mei nganakake pilihan kanggo nyoba njongkeng Pak Wahid saka kantore. Deweke ngrekadaya nylametake penggaweyane.** :)